Sabtu, 14 November 2015

SURJAN


Surjan
Busana adat lanang iki yaiku busana adat model Yogyakarta, senajan mbiyen jarene surjan iku busana khas sangking kerajaan Mataram sadurunge kepecah dadi loro, Surakarta lan Yogyakarta. Surjan mulane diciptakake dening Sunan Kalijaga kang keinspirasi saka model busana jaman iku lan selanjute digunakake Mataram. Pecahe Mataram dadi loro, nggawe asset kerajaan pun kebagi dadi loro.lan kebeneran model busana kerajaan Mataram tiba ning Kraton Yogyakarta. Kraton Surakarta sing ora duwe ciri khas busana akhire nggawe busana khas dhewek yaitu beskap.
Tembung surjan yaiku bentuk tembung garba (gabungn loro tembung utawa luwih, diringkes dadi loro tembung wae) yaiku saka tembung suraksa-janma (dadi manungsa). Busana surjan iku model busana khas jawa, sing pola rancangane dijupuk saking pola sikap asta wong kang siaga ngadepi serangan saka musuh, yaiku tangan kang disilangake ning ngarep dada.
Filosofi sing terkandung ing surjan, salah sawijining bagian leher busana surjan nduwe kancing 3 pasang (6 biji kancing) kang sakabehe nggambarake rukun iman. Rukun iman kuwi yaiku iman maring Gusti Allah, iman maring malaikat, iman maring kitab – kitab, iman maring utusane Allah, iman maring dina akhir, lan iman maring takdir. Selain kuwi surjan uga nduweni  loro buah kancing ning bagian dada sebelah kiwa lan tengen. Hal iku yaiku symbol 2 kalimat syahadat kang unine, Ashaduallaillahaillalah lan Waashaduanna Muhammada rasulullah.
Ana maning telung buah kancing neng njero (bagian dada pereke wetwng) kang posisine ketutup (ora katon) sing njaba kang ngegambarake telung macam nafsu manungsa kang kudu dikendalikna utawa ditutup. Nafsu-nafsu kuwi yaiku nafsu bahimah(hewani), nafsu lauwamah (nafsu mangan lan nginung) lan nafsu syaitoniah (nafsu syaiton).
Surjan dhewek nduweni loro jenis yaiku surjan lurik lan surjan ontrokusuma. Diomomgi surjan lurik amarga motife garis-garis, dene surjan ontrokusuma amarga motife bunga (kusuma).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar